Kamis, 10 Mei 2012

ASTHA BRATA

Astha Brata yaiku wahyu keprabon utawa kepemimpinan, kang njupuk tuladha sifat utawa watake 8 Dewa lan sifat 8 unsur alam. Watake 8 Dewa lan watake 8 unsur alam, yaiku:
1.       Bathara Wisnu watake bumi
Nduweni sifat sabar kang tanpa upama, senajan dipacul, digaru, lan diluku, nanging malah ndadekake kesuburan kang bisa nuwuhake sakwernane tetanduran kang bisa diundhuh, menehi sakabehing kang dikandhut ing sakjerone bumi tanpa bisa entek marang sapa wae ora pilih kasih, menehi panguripan marang sakabehing makhluk, jalma manungsa, kewan, lan thethukulan.
2.       Bathara Bayu watake maruta (angin)
Rumasuk marang sakabehing panggonan tanpa pilih kasih, ora peduli panggonan resik lan reged, sumrabah sakabehing panggonan kanthi warata, murakabi kanggo uripe sakabehing makhluk.
3.       Bathara Baruna watake samodra (banyu)
Nduweni watak adil lan legawa ora nduwe watak menange dhewe, nduweni watak kerukunan marang sakabehing makhluk. Sifat banyu senajan dipisahke bisa pulih maneh, uga nduweni sifat menehi panguripan, keselamatan, ketentreman, lan bisa nyucekake barang kang reged. Watake samodra nrima lan legawa nampa samubarang kang lumebu, senajan resik lan reged kabeh ditrima kanthi lila lan legawa, amarga samodra iku jembar banget.
4.       Bathara Ratih watake candra (rembulan)
Cahayane kang lembut menehi pepadhang marang bumi saisine kanthi rasa seneng lan tentrem, sifat luwet, seneng marang sepadha-padha, nuwuhake rasa tresna lan welas asih.
5.       Bathara Surya watake surya (srengenge)
Bisa menehi pepadhang, menehi kekuatan, menehi daya kanthi rata marang bumi lan sakabehing makhluk ing alam donya saisine.
6.       Bathara Indra watake akasa (langit)
Menehi pengayoman marang sakabehing makhluk tanpa pilih kasih, menehi keadilan mbagi mangsa.
7.       Bathara Brahma watake dahana (geni)
Nduweni sing panglebur, mbrasta angkara, mbengkas karya, mrantasi gawe, prakara cilik prakara gedhe, alus lan kasar bisa mentas amarga kekuatane geni.
8.       Bathara Ismaya watake kartika (lintang)
Sifate tata lan tertib uga tangguh ora gampang kena pengaruh sapa wae, bisa menehi panglipur kang lagi rekasa, menehi panuntun marang kang lagi kebingungan.

Mangkono mau wedhare Astha Brata supaya bisa kanggo tepa tuladha tumrap pribadine dhewe-dhewe. Sakabehing sifat, watak, daya, lan kekuatan alam mau ya mung amarga saka panguasane Gusti Alloh, lan sakabehing mau ciptaane Gusti Alloh.

#dikutip dari: Arum Kuncaraning Basa Jawi 1

2 komentar:

  1. ass.. makasih ya bu informasi kurikulm akntasi'y..
    sangat brharga skali untk sy sbgai kurikulum skolahn yg bru brdiri..
    salm sukses dri sya atas nama SMK BUM Sukamulya-Tangerang..

    BalasHapus
  2. iya, sama-sama pak. SMK BUM jurusannya apa aja pak.

    BalasHapus